Sintren' inggih menika salah satunggaling kesenian
tradhisional Jawi. Sintren menika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”.
Si inggih menika tegesipun “dhèwèkè” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun
“Tri” utawi saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang
dados lakon wonten ing kesenian menika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten
ing salah satunggaling kasenian. Ananging samenika dados sebatan kangge
kesenian tari menika. Sintren saking tembung sesantrian ingkang tegesipun niru
santri do0lanan lais, debus, rudat, utawi ubrug ngginakaken ilmu ghaib. Sintreniku seni tradhisional kang ana ing pesisir Jawa
Tengah lan Jawa Kulon. Asline,
sing dadi penariné wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalané
dipandhégani dening sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing
pagelaran ebeg, para
pemaine padha mendem (intrance). Banjur,
salah sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboaké ing kurungan. Ing njero kurungan iku,
wong mau dandan kayadéné wanita lan njogèt kayadéné sing liyané. Ing
sawetara kedadéyan, paraga mau nglakokaké thole-thole, yaiku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.
Sulasih lan Sulandana
Ana crita rakyat kang
dadi landhesane sintren iki, yaiku Sulasih lan
Sulandana (Sulandono).
Sulandana iku putrane
Ki Baureksa karo Dewi Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka
Desa Kalisalak. Emane, Ki Baureksa ora sarujuk. Sulandana ora
trima, dheweke lunga tapa (semèdhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).
Ewa semana, kekaroné
isih tansah sapatemon ing alam gaib. Patemon iku linantaran dening Dewi
Rantamsari. Ibune Sulandana mau nglebokaké roh widodari ing awake
Sulasih. Sawise kuwi, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang lagi tapa
mau supaya teka.
Mula saka kuwi, ing
pagelaran sintren ana pawang kang nyoba nglebokkaké roh widodari. Syaraté,
sing nari sintren mau kudu wanita kang isih suci. Yen ora suci, roh
widodari ora gelem manjing.
Ana 3 Prakara kang dilakoni
dening Penari Sintren
Sepisan, pawang nyekel
tangan lorone calon penari sintren, banjur didelehake ing dhuwure kemenyan
kanthi angucap mantra, banjur calon penari sintren dataleni sakujur awake.
Kaping pindho yaiku
calon pengantin sintren dilokake ing kurungan pitik. Busana
sintren lan kelengkapan pacak uga melu dilokake ana kurungan. Sawise wektune
wis ngancik, kurungan dibukak, lan penari sintren wis bubar macak kanthi awak
tinalen. Banjur sintren ditutupi kurungan maneh.
Kaping telu, sawise ana tandha-tandha sintren
wis dadi (biyasane kurungan obah dhewe) kurungan dibukak, banjur taline sintren
diuculi lan siap nari. Saliyane nari, sintren uga bisa akrobat ing
dhuwure kurungan.
Panggenan Pertunjukan Sintren
Panggénan kangge
‘’’Sintrèn’’’ inggih menika papan panggènan wonten ing njawi. Tegesipun
mangké boten wonten wates antawisipun penari kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang
nyengkuyung ‘’’Sintrèn’’’ menika. Supados langkung “komunikatif” nalika acara
balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa kaliyan Penari ‘’’Sintrèn’’’
menika ketingal nyawiji wonten ing pertunjukan menika.Pamirsa mangké dados
ndhèrèk nari sasampunipun Balangan.
Wekdal Penyajian
Pertunjukan Sintrèn
rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi ing dalu wulan purnama lan langkung utami
nalika malem kliwon. Amargi Sintrèn menika dipunpitados wonten gegayutanipun
kaliyan roh alus ingkang njelma kaliyan penari Sintrèn. Ananging samenika
pertunjukan sintrèn saged dipun adani kapan kemawon, saged siang menapa dalu
lan boten kedah nalika wulan purnama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar