“Ngene ya Pandu, ala tanpa
rupa Drestarasata iku kadangmu. Yen kowe rabi, sepisan bae banjur telu, mangka
kakangmu during. Lha yen nganti kakangmu serik, kasarane kok –langkahi, apa ora
bakal gawe kosut asmarane kakangmu ?”
“Keparengipun kanjeng
Rama?”
“Umpama. Umpama iki bisa
bali maneh. Umpamane kowe tak jaluk rilamu, putri telu kuwi siji kok –
rilakake dadi jodho dhaupe kadangmu, kepriye ?”
Tanpa tidha – tidha Raden
Pandu mangsuli, “Kula kantun nderek keparengipun kanjeng Rama.”
“Lair batin?”
“Inggih.”
Prabu Abiyasa banjur paring
pangandikan marang Raden Drestarasta , “Drestarasta!”
“Kula
Rama Prabu.”
“Pandu duwe boyongan putrid
telu, durung dadi jodho dhaupe. Pandu dhaup sagedhangan telu, mangka kowe iku
kakang durung palakrama, ha rak prayoga. Pandu ngrilakake putrid telu salah
siji dadi jodho dhaupmu.”
Drestarasta nanggapi,
“Rama, panceninpun inggih wonten rasa pakewuh ing atasipun kula boten tumandang
awrat wekasan kula kedah ngraosaken kanikmatanipun. Bawanipun Rama paring
dhawuh kados mekaten, inggih badhe kula lampahi. Kula purun dipundhaupaken
kaliyan putri boyonganipun Pandu salah setunggal, nanging kula kedah milih,
menawi boten angsal milih trimah boten. Kajengipun Pandu gadhah garwa ,kula
dereng. Boten menapa – menapa, mapan kula piyambak ngrumaosi bilih kula tiyang
cacad netra.”
“Lho. Lho. Lho aja kaya
mangkono. Pandu!”
“Wonten dhawuh, Rama.”
“ Drestarasta gelem
didhaupaken karo putrid boyonganmu salah sawiji, nanging cacade kok
Drestarasata arep milih, apa rila putrid telun kuwi dipilih dening
kakangmu salah siji?”
“Adhuh, pepunden kula Rama.
Sampun milih kok namung dipunkerskaken setunggal kanthi kapilih, nadyan tiga
badhe dipunkersakaken Kangmas, kula rila lair batin.”
“Bagus. Yen ngono kowe
matura dhewe marang Dresatarasta. Dadi ora lidhah sinambung,” ngendikane Prabu
Abiyasa.
Raden pandu banjur matur
marang kadang tuwa. “ Kangmas Drestarasta, kula rila lair batin wanodya tetiga
menika kagarwa Kangmas Drestarasta. Nanging bilih panjenengan namung
ngersakaken setunggal, badhe milih, mangga. Tiga dipunkerskaken sedata,
mangga.”
“Tenan kuwi yayi ?”
“Saestu”
“Lair batin?”
“Inggih”
“O, adhiku, Dhi. Yen
mangkono ya mung siji bae, ora usah loro telu. Rama kula nyuwun pangestu.
Kula bahde milih jodho dhaup kula.”
“Ya, Drestarasta, tak
Pangestoni.”
Raden pandu nuli paring dhawuh marang putrid boyongan, “ Kunthi, Madrim,
Gendari, kowe kudu gelem dipilih salah sawiji. Sapa kang dadi pujine karsa, ya
kuwi kang dadi jodho dhaupe Kakangmas Drestarasta.”
“kados pundit a Raden ?
kala wau kula rak sampun matur bilih kula kedah suwita paduka, “Dewi Gendari
datan sarujuk, amarga kuwatir yen dipilih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar