Senin, 15 Desember 2014

Tari Gambyong Pareanom

Gambyong Pareanom mujudaken salah sawijining beksan Gambyong ingkang wonten ing kraton Mangkunagaran. Beksan punika pinathok ing werni gendhera Mangkunegaran inggih punika ijo lan kuning.
Beksan Gambyong mujudaken beksan ingkang wiwitaipun dipunbeksakake dening para taledhek.  Beksan iki banjur dibesut dening Kraton Mangkunegaran saengga dadi beksan kang luwih alus.  Miturut tradhisi lisan ing tlatah PatiGambyong iku jenengane waranggana kang trampil lan prigel anggone mbeksa.  Beksan Gambyong iku wiwitane tarian rakyat kang dibeksakake denging taledhek lan padatan dianggo ing satengahing bebrayan agung ingaranantayub.  Para taledhek iku mbeksa sinambi nembang. Ing satengahing mebksa lan nembang mau, para taledhek uga ngajak wong-wong lanang sing padha nonton (mligine sing sugih) supaya ''ngibing'' bareng.  Sing dadi garapan Kraton Mangkunagaran dudu taledhek kang ngibing bareng wong lanang iku, nanging nalika dheweke njoged dhewe sinambi mincut para wong lanang kang pengin ngibing bareng dheweke.  Gandheng garapane bedha saka tarian asline, gambyong kang dibesut dening Kraton Mangkunegaran ora nganggo nembang maneh, wujude tarian uga pinathok dening paugeran-paugeran beksan saka kraton.

Nalika jamane Mangku Nagara V (1881-1896), beksan Gambyong dikirim minangka duta kesenian ing nagari Walanda.  Iki pisanan Gambyong disuguhake ing sangarepe “forum bergengsi”. Jebul para ahli lan sutresna budhaya ing nagari Walanda remen marang beksan Gambyong. Mulane,wiwit wektu iku Gambyong mesthi disuguhake nalika nyambut tamu-tamu kraton. Nalika paprentahane Mangku Nagara VII (1944-1986), yaiku taun 1950, Gambyong Pareanom digarap dening Nyi Bei Mintararas. Beksan Gambyong Pareanom iku sengaja digarap lan disuguhake ing pahargyan dhauping Gusti R. A. Siti Nurul Kamaril Ngasarati Kusumawardhani kaliyan R. M. Suryasurarsa.  Sapunika, Beksan Gambyong Pareanom dipunsuguhaken minangka beksan “sugeng rawuh” kangge nyambut tamu-tamu ingkang rawuh ing kraton.  Kajaba punika,boten namung wonten kraton kemawon, nanging ing papan panggenan pariwisata kadosta Ambarukmo Palace Hotel ugi asring ngedalaken beksan Gambyong Pareanom kangge nyambut tamu (senajan tata busananipun boten sami persis kaliyan gaya Mangkunegaran). 



Menawi dipuntingali saking busana,boten ketingal bilih beksan Gambyong Pareanom sejatosipun beksan saking tarian rakyat.  Nanging menawi dipunjingglengi kathi premati,obahing awak (gerak), ragam jogedipun taksih sederhana lan ketingal sanget anggenipun mendhet gerakan jogedane taledhek.  Bentenipun, taledhek punika njoged sinambi nembang lan jogedanipun kanthi improvisasi, nanging penari Gambyong Pareanom boten.  Penari Gambyong Pareanom kedah manut paugeran-paugeran ingkang sampun dipuntemtokaken dening koreografer lan boten nembang.  Beksan Gambyong Surakarta lan beksan GolekYogyakarta nggadhahi tema lan koreografi ingkang sami. Beksan Gambyong lan beksan Golek punika kalebet tari tunggal, nanging saged dipunsuguhaken kanthi sesarengan, kathah tiyang.  Kekalihipun nggambaraken daya tarik wong wadon kang isih enom, nanging beksan Gambyong ngundhang birahi lan mencut wong lanang. Pramila,beksan Gambyong iku dipunbeksakaken kanthi esem kang kenes.  Nanging kejaba punika, beksan gambyong ugi mujudaken gambaran watak wanodya Jawi ingkang alus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar