Ora Rugi Anggonku Menehi
Ing sasi Desember ngene iki udan kaya dene kanca kenthel. Saben wayah mesthi teka ngancani. Dina iki uga ngono, wiwit subuh udan wis teka nggawe awak ora gelem dijak tangi. Angete kemul kaya ora lila ditinggal lunga. Hawa adhem ning njaba marake niyat gawe tangi owah dadi niyat gawe nerusake turu. Nanging alus swaraning bojoku nggugah, ngelengake aku yen dina iki aku ana rapat karo ndhuwuranku. Mula aku banjur tangi. “Banyune wis anget mas, ndang adhus dhisik”, omonge bojoku karo mlaku menyang dapur maneh. Aku mesem, ngrasa begja banget nduwe bojo gemati. Mula aku langsung adhus. Rampung adhus lan siap-siap aku lan bojoku sarapan bareng.
“Udan ngene meh mangkat nitih pit montor mas ?”, pitakone bojoku.
“Iya dhek”, wangsulanku cekak.
“Mbok uwis nitih bis wae ben ora kudanan”.
“Numpak pit montor iku luwih ngirit uga luwih cepet dhek, tinimbang dhuwite kanggo ngebis mendhing tak nggo nukokake awakmu kalung emas”. Wangsulanku gojek.
Bojoku mesem karo njiwit, ora mangsuli. Rampung sarapan aku pamit mangkat nyambut gawe. Senajan omahku ing Salatiga nanging papan pagaweyanku ana ing Semarang. Mula yen mangkat kerja kudu esuk banget. Tekan tengah dalan aku kelingan yen flashdisk sing isine file kanggo rapat mengko keri. Aku banjur muter bali ngomah. Bojoku bingung weruh aku bali maneh.
“Ana apa Mas, kok bali maneh ?”, pitakone bojoku.
“Flesdisku keri dhek”, Wangsulanku karo mlayu ngomah.
“Aku mangkat dhisik yo Dhek”, aku pamit maneh karo ngambung pipine.
“Iyo Mas, ora usah kesusu”, bojoku ngelengke.
Tekan kantor aku wis telat mula aku cepet cepet mlebu ruang kanggo rapat. Ana ing njero ruangan iku ndhuwuranku, Pak Basir wis rawuh. Nalika aku arep lungguh, Pak Basir ngomong yen aku ora oleh mlebu amarga aku telat uga klambiku sing reged kena banyu udan. Aku sing ngrumangsani yen salah banjur njaluk ngapuro lan metu saka ruang rapat iku. Dina iku rasane awak ora kepenak mula wektu istirahat awan tak nggo turu. Durung suwe aku turu Pak Basir teka nggugah.
“Kowe mau telat kena apa Ron ?”, ndhuwuranku takon.
“Nyuwun pangapunten Pak, kalawau flesdis kula ingkang isinipun file kangge rapat kesupen mboten kula bekta dados kula wangsul malih”.
“Sesuk maneh yen meh mangkat kerja diceki dhisik kabeh, dadi ora kaya iki mau. Pakeyanmu mau ya dakkira ora pantes kanggo melu rapat”.
“Nggih Pak”.
“Iki ana gaweyan kanggo kowe, sesuk selehke ning mejaku ya”.
“Nggih Pak”.
“Ya wis kana istirahat mangan dhisik”.
Pak Basir ndhuwuranku iku asline wong sing wicaksana, dheweke ora tau nesu nalika ana karyawane sing tumindhak kleru, dheweke mesthi paring pitutur supaya para karyawane luwih apik maneh tumindhake. Nanging dheweke pancen ora toleran karo telat, menawa ana karyawan sing telat mesthi langsung dikei gaweyan sing kepeksa kudu dilembur supaya gaweyan iku rampung. Mula aku banjur sms bojoku, menehi kabar yen dina iki aku kudu lembur.
Wektu wis nuduhake jam wolu bengi nalika aku rampung nggarap gaweyan sing dikei ndhuwuranku. Awakku rasane jan ora kepenak, rasane pengen ndang tekan omah. Aku langsung mangkat bali. Ning tengah dalan aku menggok indomaret dhisik tuku roti kanggo ngganjel weteng sing wis ngeleh. Bareng meh mlaku bali maneh ana bocah lanang sing nyedaki aku.
“Mas, saged ngeterake kula wangsul ?”.
“Lha omahmu ngendi Dhek ?”
“Mbahrawa Mas”.
Aku ora mangsuli maneh. Mbahrawa iku jelas bedha dalan karo dalan bali omahku.
“Tulung Mas, artane kula garik sewu”. Dheweke nuduhke karo nuduhke dhuwite
“Ya wis, ayo numpak, tak terke bali”.
Aku tekan omah wis jam sepuluh punjul. Bojoku iseh melek, sajake ngenteni aku. Dheweke banjur nyiap-nyiapke nggo manganku.
“Kok tekan jam semene tha, Mas ?”
“Iki mau ngeterke bocah sek Dhek ?’
“Bocahe sapa ? ora aneh aneh lho Mas”. Bojoku takon sajak ora percaya.
Aku ngguyu krungu pitakonane bojoku.
“Aku kesel Dek, sesuk tak critani kabeh”.
Krungu omonganku iku bojoku ora nerusake pepinginane kanggo takon.
Kaya adate, aku mangkat kerja esuk bedane dina iki ora udan. Tekan kantor durung telat. Gaweyan sing tak lembur wingi banjur dakselehake ing mejane Pak Basir. Pak Basir sing wektu iku wis rawuh banjur ngendikan yen mengko awan ana rapat karo mitra kerjane lan aku dijak ngancani dheweke.
Pak Basuki, mitra kerjane Pak Basir iku rawuh luwih dhisik nggawe rikuh atine Pak Basir. Mula Pak Basir sing terkenal disiplin banjur njaluk ngapura marang Pak Basuki. Sauntara wektu para penggedhe iku basa basi, banjur rapate diwiwiti. Jebul sing arep dipresentasikake iku gaweyanku mau bengi mula Pak Basir ngajak aku kanggo ngancani. Bareng wis rampung ana bocah cilik mlebu ruangan. Kagetku ora ketulungan amarga jebul bocah iku bocah sing dakaterake wingi bengi. Ngerti aku sing lagi kaget banjur Pak Basir karo Pak Basuki ndelok aku.
“Ana apa to Ron ?”, pitakonane Pak Basir.
“Nuwun sewu Pak, bocah niku napa larene njenengan ?”, pitakonku marang Pak Basuki tanpa mangsuli pitakonane Pak Basir.
“Nggih Mas, Niki lare kula, wonten napa nggih ? kok panjenengan ngantos kaget mekaten ?”
“Pak, niku mas ingkang nulungi kula wau dalu.” Bocah iku ngomong karo Bapake.
“Matur nuwun mas, matur nuwun sanget sampun purun ngeteraken lare kula. Lare kula niku kagungan penyakit menawi dolan asring supe dalan wangsule.”
“Nggih Pak, sami sami.”
“Kalawingi niku kula ngantos sampun lapor polisi ananging polisi mboten saget madoske menawi dereng 2x 24 jam. Kados pundi carane kula mbales napa sing sampun panjengan lakoni kangge lare kula ?”
“Sampun Pak, ampun mekaten. Menungsa menika lak nggih kedah tulung tinulung marang pepadha.”
“Becik sanget budinipun panjenengan, kula namung saged ndongakaken panjenengan mugi sedaya ingkang sampun panjenengan lampahi angsal ganjaran dening Gusti Allah.”
“Nggih pak matur nuwun pandonganipun.”
“Pak Basir, kula tambah yakin kangge kerjasama kaliyan perusahaan panjenengan. Kula kinten perusahaan menika nggadahi kuwalitas langkung sae amargi karyawanipun nggih nggadahi budi ingkang sae.”
“Matur nuwun sanget Pak, kerjasama niki saged kalampahan kanthi sae.”
Rapat awan iku nggawe bungahe ati, paribasan kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu. Perusahaane pak Basuki gelem kerjasama karo perusahaan nggonku nyambut gawe wae wis nggawe ati seneng ditambah pak Basir ngangkat aku dadi manajer ning perusahaane. Dina iku aku ora sabar bali kanggo ngandhani kabeh karo bojoku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar