Senin, 15 Desember 2014

Geguritan "Lelaku"

LELAKU


Geneya kudu oyak-oyakan
Yen tundhone mung kudu antri,
Nunggu kompal-kampule kapal

Kanyatane aku lank owe ora ana
Bedane, padha gumantung tumpangan
Ora ana kang wani kumalungkung ngungalake dadha
Jalaran lelaku padha
Tundhone melu gumuruh
Lamun bendhe tinabuh

Geneya kudu angluh
Yen mercusuar mung ndamar mancung
Nggret ati cupet

Tumuju pulo-pulo seje
Nganti ngentir mili ngeli
Nyabrang samodra bawera
Nurut dawane wengi

Papan kang kudu dituju
Tansah samun dinulu
Lha njur apa bedane
Sesuk apa saiki wae!
Bali,
Geneya iline prau ing getihku
Nuju getihmu?
                                                              (Surabaya-Bali, 1999)



Sumber : Kumpulan Geguritan “Bocah Cilik Diuber Srengenge”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar