Jumat, 12 Desember 2014

Geguritan

Geguritan”
Kanggo Sliramu
Kapang iki kanggo sapa
Nalika wewayanganmu wae wis ora ketara
Tresna iki kanggo sapa
Nalika ragamu wae saikiwis adoh saka driya

Kasunyatane
Sliramu saiki wis lali
Wis ora eling maneh dalan-adalan kang nate kapecak
Wis ora eling maneh nalika sliramu tanpa rowang
Wis ora eling maneh yen aku yen aku kang tansah setya
Patang taun kepungkur sliramu iku sapa
Lan saiki wis dadi apa
Nanging mangertya,
Kapang lan tresnaku tetep isih ana
Cumondhok ing sajroning nala
Senajan sliramu wis cidra
                                                (Romdonah)

Dudu Ajaran
Saiki jaman edan
Yen ra edan ora keduman
Une-unen kuwi guyonan apa tenanan
Sing mesthi dudu iklan
Urip kuwi kudu prigel, ana ing gaweyan
Iki dudu dolanan
Manungsa aja mung ngetokake kaapikan
Sing ala di umpetake, wedi yen konangan
Sandhang, pangan lan papan aja dadi kautaman
Sing katon mung kerakusan
Sing jane di utamakake kuwi akure tetanggan
Iki dudu wejangan
Lan dudu pangarepan apa maneh ajaran
Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan
Nanging nduweni rasa kang diwujudake gremengan
                                                (Usman Hanafi)

Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar