“Geguritan”
Kanggo Sliramu
Kapang iki
kanggo sapa
Nalika wewayanganmu
wae wis ora ketara
Tresna iki
kanggo sapa
Nalika ragamu
wae saikiwis adoh saka driya
Kasunyatane
Sliramu saiki
wis lali
Wis ora
eling maneh dalan-adalan kang nate kapecak
Wis ora
eling maneh nalika sliramu tanpa rowang
Wis ora
eling maneh yen aku yen aku kang tansah setya
Patang taun
kepungkur sliramu iku sapa
Lan saiki
wis dadi apa
Nanging mangertya,
Kapang lan
tresnaku tetep isih ana
Cumondhok ing
sajroning nala
Senajan sliramu
wis cidra
(Romdonah)
Dudu Ajaran
Saiki jaman
edan
Yen ra edan
ora keduman
Une-unen
kuwi guyonan apa tenanan
Sing mesthi
dudu iklan
Urip kuwi
kudu prigel, ana ing gaweyan
Iki dudu
dolanan
Manungsa aja
mung ngetokake kaapikan
Sing ala di
umpetake, wedi yen konangan
Sandhang,
pangan lan papan aja dadi kautaman
Sing katon
mung kerakusan
Sing jane di
utamakake kuwi akure tetanggan
Iki dudu
wejangan
Lan dudu
pangarepan apa maneh ajaran
Iki mung
omongan, manungsa kang ora weruhan
Nanging nduweni
rasa kang diwujudake gremengan
(Usman Hanafi)
Sumber : Panjebar
Semangat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar