Tampilkan postingan dengan label Crita Cekak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Crita Cekak. Tampilkan semua postingan

Senin, 15 Desember 2014

Nggayuh Srengenge


       Lakune cepet, kaya-kaya ana wong kang ngetutake ning mburine. Nurul saya banter anggone mlaku, sawise delok jam tanganne. Sawise metu saka gang Karangsari, dheweke banjur nyegat angkot ing ratan, nanging dalan katon sepi, ora ana angkot sliweran. Kamangka dheweke kudu wis tekan Semarang jam 9 esuk. Ora kena ora, esuk iki dheweke kudu tekan kana. Dina iki kalebu dina kang penting kanggone Nurul. Uripe bakal owah yen dheweke lolos casting. Kabeh dhuwit saka celengane mas Anggoro wis dienggo kanggo nggayuh kekarepane dheweke dadi model. Mula dheweke kudu bisa nyenengake atine kangmase. Mung modal fisik karo ketrampilane ndesain pakaian iki sing bisa dienggo nyaur apa sing wis diwenehake kangmase.
         Pasuryane sing ayu, irunge sing bangir, rambute sing ireng ngombak kuwi modale Nurul Santi kanggo golek dhuwit. Dhuwure yen 160cm ya ana. Celana jeans Logo, tangtop ireng lan jaket kulit warna coklat kuwi serasi karo awake sing kuru. Sepatu jinjit Nevada dhuwure 7cm, nanging lakune ora sempoyongan, tegese wis biasa nganggo sepatu jinjit. Mlaku nyedhaki pangkalan ojek.
“ Kang, ojek kang… terminal Gondang pira?”
“Seketewu wae kanggo mbake sing ayu.”
“Halah kang, kok larang temen? Lha mbok telungpuluh wae, gelem ya kang?”
“waladalah… mbake ayu-ayu dhuwite ora metu, ya wis lah kanggo penglaris.”
“Iya kang, iki lagi usaha arep melu casting nyang Semarang, sokur-sokur dipilih kang, wis njajal rana rene, durung kasil.”
“Ya wis mbake, aja nyerah, urip ning jaman saiki pancen susah yen ora duwe dhuwit, lha wong para pejabat sing wis sugih dhuwit wae, isih butuh dhuwit alias korupsi.”
“Lha iya kang, bener kandamu, nanging aku arep golek dhuwit saka kringetku dhewe, ora arep kaya pejabat-pejabat kae. Ya wis kang yo ndang mangkat, aku mundhak telat.”
“Lha ayo, mangga… pinarak!”
Senin 25 November 2013 iki, dheweke arep casting ning salah siji agen penyalur bakat ana ing kutha Semarang. Panggonane casting ana ning DP mall Semarang. audisine bakal diwiwiti jam 9 esuk kuwi. Saka desane Ringinarum, Nurul sidane ngojek tekan terminal Gondang. Banjur numpak bis jurusan Gondang-Semarang. kira-kira 2 jam perjalanan. Ning jero bis, Nurul njagong ning kursi nomer 3 saka ngarep, sebelahe ana bocah
lanang, kira-kira umure selikuran. Saka jas almamatere bisa dititik yen kuwi mahasiswa Undip.
“Duh…, bisa telat iki, lha wong wis jam setengah wolu. Apa maneh aku rung pamitan karo mas Anggoro. Tak telpon dhisik wis, mumpung kelingan, mengko mas Anggoro mundhak nggoleki.” Batine Nurul.
Dheweke dumadakan ngrogoh tas golek hape Samsung Champme warna putih, banjur telpon mas Anggoro.
“Tut…. tut… tut…”
“Halo.. asalamu’alaikum”
“Wa’alaikum salam”
“Piye dhik?”
“Mas, aku wis tekan terminal Gondang, mung arep pamitan, aku njaluk dongane ya mas.”
“Owh… ya, tak dongake dhik, lha banjur mangkat karo sapa?
“Mangkat dhewe mas.”
“Ya ngapurane dhik, mas ora bisa ngeterake. Ngerti dhewe to kahananne?”
“Iya mas, adhik ngerti kok, mula ora njaluk tulung mas Anggoro.”
Ya wis dhik, ati-ati ya, wis tekan semene wae tilpone, mas lagi mulang.”
“Iya mas, matur nuwun dongane, wasalamu’alaikum…”
“ Wa’alaikum salam…”
Atine wis rada lega, amarga wis entuk donga lan ijin saka kangmase. Mas Anggoro mung guru GTT ning SD N 1 Ringinarum awit tahun 2011, bayarane ya ora maton. Paling akeh mung 500 ewu. Kang mase yaiku mas Anggoro, sayang banget karo Nurul. Amarga Nurul iku adhi siji-sijine sing dheweke duweni. Bapak lan Ibune wis ora ana. Njur Anggoro lan Nurul urip dhewe merga ora nduwe sedulur liya. Anggoro sekolahe pinter, mula ora tau mbayar sekolah. Awit SD entuk beasiswa nganti kuliyah. Adhine Nurul, bocah sing ora patia pinter, nanging yen kon ndesain pakaian utawa megal megol ning red karpet jagone. Senajan dhuwit kanggo mangan saben dina mung pas-pasan, kabeh kepinginane Nurul dituruti. Kayata, nalika lulus SMP, Nurul kepengin nerusake ning SMK, kuwi ya keturutan. Kepengen hape samsung champ ya dituruti. Lha saiki kepengen dadi model terkenal. Nyatane ya di turuti. Saben dina nyelengi dhuwit kanggo adhine supaya tujuane Nurul kuwi dadi model bisa kagayuh.
Ning jero bis Nurul krasa panas, ndadekake Nurul ngantuk, banjur keturu. Wis ana rong jaman bis kuwi banjur tekan simpang lima semarang, kenek bis kuwi wis nyuwara banter.
“ Simpang lima… simpang lima… simpang lima…”
Penumpang liyane wis padha mudhun, mung tinggal wong papat. Sing siji cah lanang ing jas almamateran kuwi lan ibu-ibu ana jejere. Bis kuwi banjur mlaku bablas ning arah Ungaran arep menyang terminal Secang. Cah lanang mau kuwi banjur wis mudhun ning Daerah Ungaran, terus ibu-ibu mau mudhun terminal Secang. Tinggal Nurul ijen, banjur keneke njawil dheweke.
“Mbak.. mbak.. mbak.. tangi mbak, sampeyan arep nyang ndi?” pitakone kenek kuwi.
Nurul tangi saka turune, banjur takon kenek kuwi
“ Mas.. lha iki ana ngendi?”
“Iki aneng terminal Secang mbak. Lha mbake arep nyang ndi?”
“Aku arep nyang Semarang mas, simpang lima.”
“Walah mbak… lha iya wis kliwat awit mau.”
“Lha mase ora ngomong.”
“Mbak… mbak, aku iki mau wis bengak bengok, jurusan simpang lima, sing pada turu ya wis padha tangi lan medhun, tak kira mbake arep nyang ndi ngono.”
“Waduh.. njur aku nyasar ki mas?”
“Lha iya mbuh.”
“Trus piye iki?” batine Nurul.
“Wis mbak, mudhun, bis iki bakal nyang Solo dadi ya ora mungkin kon ngeterke sampeyan ijen, puter balik. Apike mbake pindak bis sing jurusan Semarang kana.” Kandane kenek kuwi.
“Ya wis mas, matur nuwun ya”
Nurul medhun saka bis kuwi, banjur njagong ana kursi terminal. Wis jam setengah sepuluh awan. Wis telat anggone melu casting. Dheweke mung cilang cileng kaya wong ilang. Sajane bisa langsung numpak bis balik omah, nanging dhuwite sing ora ana. Saka adohan, katon ana wong lanang mlaku nyedaki dheweke, panganggone kaos cekak warna ireng, celanane jeans pensil melu njagong ana sacedhake Nurul. Nurul banjur ditakoni karo wong kuwi mau.
“Mbake arep nyang ndi? Kok katon bingung?”
“Aku arep nyang Gondang kang, lha sampeyan arep nyang ndi?”
“ Ya wis mbak, melu aku wae. aku ya arep nyang Gondang.”
“Lha… tenane kang?”
“Lha iya tenan mbak, mengko sampeyan arep mudhun ning ndi? Tak terke tekan panggonanne. Penak to?”
“Walah.. sampeyan kok apikan temen kang. Matur nuwun ya kang.”
“Iya… lha ayo mangga.”
“Oh iya kang, jenenge sampeyan sapa?”
“Sampeyan bisa ngundang aku Tono.” Semaure wong lanang iku.
Amarga pikirane lagi semrawut, Nurul ora mikir suwi, dheweke banjur melu wong lanang mau numpak montor pick up putih. Anangging, ora menyang arah Gondang, montor kuwi malah nuju arah liya. Montor kuwi banjur mandeg ing tengah dalan sepi.
“Lho… kang kok mandheg?”
Tono mung meneng wae. Ora let suwe, Tono mulai grayangan marang Nurul. Pupune Nurul dielus-elus karo Tono, tanganne sing siji ngemek-emek tangane Nurul banjur Nurul disikep.
“Kang… arep ngapa? Culke kang… ah.. kang… culke aku!” karo nyoba ngeculke awake dheweke saka sikepane Tono kuwi, tapi lawang montore kekunci tegese si Nurul ora bisa metu saka montor.
“Alah… mbak ora usah etok-etok ora gelem” meksa nyopot jakete Nurul.
Nurul mbengok njaluk tulung. Dumadakan kaca montor sisih tengen dipecah karo wong lanang kira-kira umure 30 tahun. Tono sing lagi tumindak ala marang Nurul mau dicengkiwing karo wong lanang sing mecah kaca montor mau. Banjur wong sakloron padha gelut. Nurul banjur metu saka montor lan ngadoh saka wong loro kuwi. Saka mburi ana mbak-mbak nepuk pundake Nurul.
“Mbak.. mbak… wis mbak, ayo gage mlebu montorku!”
“Panjenengan sinten?” Nurul katon isih keweden.
“Wis ora apa-apa, aku wong apik-apik kok, ora bakal nyilakani sampeyan. Kae sing nulungi sampeyan bojoku.” Mbak ayu kuwi nganggo jilbab lan long dress warna biru, montore Daihatsu ireng.
“Matur nuwun mbak, kula ora bisa ngomong apa-apa.”
“Wis ora apa-apa, aku ngerti, sampeyan isih kaget lan wedi, lha sampeyan saka endi lan arep nyang ndi?”
“Kula saking Desa Ringinarum kecamatan Gondang badhe ten Semarang, badhe nderek casting dados model, nanging kula malah nyasar mbak, lha nika nawani kula, merga kula bingung, kula nderek mawon.”
“Sampeyan ora apa-apa to?”
“Nggih.”
Bojone mbak ayu kuwi wis rampung anggone ngebuki Tono, banjur mlebu montor.
“Mbake ora kenapa-kenapa to dhik?”
“Iya mas, wis ayo diterke bali wae mbake misakke.”
“Iya wis, ayo dhik.”
Ning jero montor mbak ayu kuwi cerita yen dheweke Ratna lan bojone Adi lagi arep nyang Solo, arep teka ing acara peragaan busana. weruh ana montor pick up mandheg lan ana wong wadon bengok-bengok njaluk tulung. Banjur ditulung. Mbak Ratna kuwi desainer, dene bojone mas Adi kerja kantor. Awit saka kuwi Nurul diwenehi lapangan kerja saka mbak Ratna kanggo dadi model saka pakaian sing didesain dheweke. Apa sing dikarepake Nurul saiki keturutan. Srengenge sing arep digayuh saiki wis ana ing tangane.

dening Muta Allimah

Crita Cekak "Kucing sing Pinter Ngalembana"

       Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni  pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. 
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)


www.duniashinichi.blogspot.com

Crita Cekak "Ora Rugi Anggonku Menehi"

Ora Rugi Anggonku Menehi
        Ing sasi Desember ngene iki udan kaya dene kanca kenthel. Saben wayah mesthi teka ngancani. Dina iki uga ngono, wiwit subuh udan wis teka nggawe awak ora gelem dijak tangi. Angete kemul kaya ora lila ditinggal lunga. Hawa adhem ning njaba marake niyat gawe tangi owah dadi niyat gawe nerusake turu. Nanging alus swaraning bojoku nggugah, ngelengake aku yen dina iki aku ana rapat karo ndhuwuranku. Mula aku banjur tangi. “Banyune wis anget mas, ndang adhus dhisik”, omonge bojoku karo mlaku menyang dapur maneh. Aku mesem, ngrasa begja banget nduwe bojo gemati. Mula aku langsung adhus. Rampung adhus lan siap-siap aku lan bojoku sarapan bareng.
“Udan ngene meh mangkat nitih pit montor mas ?”, pitakone bojoku.
“Iya dhek”, wangsulanku cekak.
“Mbok uwis nitih bis wae ben ora kudanan”.
“Numpak pit montor iku luwih ngirit uga luwih cepet dhek, tinimbang dhuwite kanggo ngebis mendhing tak nggo nukokake awakmu kalung emas”. Wangsulanku gojek.
Bojoku mesem karo njiwit, ora mangsuli. Rampung sarapan aku pamit mangkat nyambut gawe. Senajan omahku ing Salatiga nanging papan pagaweyanku ana ing Semarang. Mula yen mangkat kerja kudu esuk banget. Tekan tengah dalan aku kelingan yen flashdisk sing isine file kanggo rapat mengko keri. Aku banjur muter bali ngomah. Bojoku bingung weruh aku bali maneh.
“Ana apa Mas, kok bali maneh ?”, pitakone bojoku.
“Flesdisku keri dhek”, Wangsulanku karo mlayu ngomah.
“Aku mangkat dhisik yo Dhek”, aku pamit maneh karo ngambung pipine.
“Iyo Mas, ora usah kesusu”, bojoku ngelengke.
Tekan kantor aku wis telat mula aku cepet cepet mlebu ruang kanggo rapat. Ana ing njero ruangan iku ndhuwuranku, Pak Basir wis rawuh. Nalika aku arep lungguh, Pak Basir ngomong yen aku ora oleh mlebu amarga aku telat uga klambiku sing reged kena banyu udan. Aku sing ngrumangsani yen salah banjur njaluk ngapuro lan metu saka ruang rapat iku. Dina iku rasane awak ora kepenak mula wektu istirahat awan tak nggo turu. Durung suwe aku turu Pak Basir teka nggugah.
“Kowe mau telat kena apa Ron ?”, ndhuwuranku takon.
“Nyuwun pangapunten Pak, kalawau flesdis kula ingkang isinipun file kangge rapat kesupen mboten kula bekta dados kula wangsul malih”.
“Sesuk maneh yen meh mangkat kerja diceki dhisik kabeh, dadi ora kaya iki mau. Pakeyanmu mau ya dakkira ora pantes kanggo melu rapat”.
“Nggih Pak”.
“Iki ana gaweyan kanggo kowe, sesuk selehke ning mejaku ya”.
“Nggih Pak”.
“Ya wis kana istirahat mangan dhisik”.
Pak Basir ndhuwuranku iku asline wong sing wicaksana, dheweke ora tau nesu nalika ana karyawane sing tumindhak kleru, dheweke mesthi paring pitutur supaya para karyawane luwih apik maneh tumindhake. Nanging dheweke pancen ora toleran karo telat, menawa ana karyawan sing telat mesthi langsung dikei gaweyan sing kepeksa kudu dilembur supaya gaweyan iku rampung. Mula aku banjur sms bojoku, menehi kabar yen dina iki aku kudu lembur.
Wektu wis nuduhake jam wolu bengi nalika aku rampung nggarap gaweyan sing dikei ndhuwuranku. Awakku rasane jan ora kepenak, rasane pengen ndang tekan omah. Aku langsung mangkat bali. Ning tengah dalan aku menggok indomaret dhisik tuku roti kanggo ngganjel weteng sing wis ngeleh. Bareng meh mlaku bali maneh ana bocah lanang sing nyedaki aku.
“Mas, saged ngeterake kula wangsul ?”.
“Lha omahmu ngendi Dhek ?”
“Mbahrawa Mas”.
Aku ora mangsuli maneh. Mbahrawa iku jelas bedha dalan karo dalan bali omahku.
“Tulung Mas, artane kula garik sewu”. Dheweke nuduhke karo nuduhke dhuwite
“Ya wis, ayo numpak, tak terke bali”.
Aku tekan omah wis jam sepuluh punjul. Bojoku iseh melek, sajake ngenteni aku. Dheweke banjur nyiap-nyiapke nggo manganku.
“Kok tekan jam semene tha, Mas ?”
“Iki mau ngeterke bocah sek Dhek ?’
“Bocahe sapa ? ora aneh aneh lho Mas”. Bojoku takon sajak ora percaya.
Aku ngguyu krungu pitakonane bojoku.
“Aku kesel Dek, sesuk tak critani kabeh”.
Krungu omonganku iku bojoku ora nerusake pepinginane kanggo takon.
Kaya adate, aku mangkat kerja esuk bedane dina iki ora udan. Tekan kantor durung telat. Gaweyan sing tak lembur wingi banjur dakselehake ing mejane Pak Basir. Pak Basir sing wektu iku wis rawuh banjur ngendikan yen mengko awan ana rapat karo mitra kerjane lan aku dijak ngancani dheweke.
Pak Basuki, mitra kerjane Pak Basir iku rawuh luwih dhisik nggawe rikuh atine Pak Basir. Mula Pak Basir sing terkenal disiplin banjur njaluk ngapura marang Pak Basuki. Sauntara wektu para penggedhe iku basa basi, banjur rapate diwiwiti. Jebul sing arep dipresentasikake iku gaweyanku mau bengi mula Pak Basir ngajak aku kanggo ngancani. Bareng wis rampung ana bocah cilik mlebu ruangan. Kagetku ora ketulungan amarga jebul bocah iku bocah sing dakaterake wingi bengi. Ngerti aku sing lagi kaget banjur Pak Basir karo Pak Basuki ndelok aku.
“Ana apa to Ron ?”, pitakonane Pak Basir.
“Nuwun sewu Pak, bocah niku napa larene njenengan ?”, pitakonku marang Pak Basuki tanpa mangsuli pitakonane Pak Basir.
“Nggih Mas, Niki lare kula, wonten napa nggih ? kok panjenengan ngantos kaget mekaten ?”
“Pak, niku mas ingkang nulungi kula wau dalu.” Bocah iku ngomong karo Bapake.
“Matur nuwun mas, matur nuwun sanget sampun purun ngeteraken lare kula. Lare kula niku kagungan penyakit menawi dolan asring supe dalan wangsule.”
“Nggih Pak, sami sami.”
“Kalawingi niku kula ngantos sampun lapor polisi ananging polisi mboten saget madoske menawi dereng 2x 24 jam. Kados pundi carane kula mbales napa sing sampun panjengan lakoni kangge lare kula ?”
“Sampun Pak, ampun mekaten. Menungsa menika lak nggih kedah tulung tinulung marang pepadha.”
“Becik sanget budinipun panjenengan, kula namung saged ndongakaken panjenengan mugi sedaya ingkang sampun panjenengan lampahi angsal ganjaran dening Gusti Allah.”
“Nggih pak matur nuwun pandonganipun.”
“Pak Basir, kula tambah yakin kangge kerjasama kaliyan perusahaan panjenengan. Kula kinten perusahaan menika nggadahi kuwalitas langkung sae amargi karyawanipun nggih nggadahi budi ingkang sae.”
“Matur nuwun sanget Pak, kerjasama niki saged kalampahan kanthi sae.”
Rapat awan iku nggawe bungahe ati, paribasan kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu. Perusahaane pak Basuki gelem kerjasama karo perusahaan nggonku nyambut gawe wae wis nggawe ati seneng ditambah pak Basir ngangkat aku dadi manajer ning perusahaane. Dina iku aku ora sabar bali kanggo ngandhani kabeh karo bojoku.

Crita Cekak "Kancil lan Pitik Walik sing Rumangsa Kudu Lucu"

Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucu

        Mbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane"  

"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil.

"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"

"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil

"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru"  nasehate Kancil

"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"

"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil

"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.

Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014). 

www.duniashinichi.blogspot.com

Crita Cekak "Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu"

 Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu


      Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur ngincengGajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (

        Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
 Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.
  
         Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke iso tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul. 

        Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora iso mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji.

      Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sido kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).