Tampilkan postingan dengan label Jinising Wayang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Jinising Wayang. Tampilkan semua postingan

Selasa, 16 Desember 2014

Wayang Pancasila

Wayang Pancasila kuwi carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakaké mung lakon-lakoné, ning wayang Pancasila lakoné pejuang-pejuang bangsa Indonésia caritané uga bab perjuangan Bangsa Indonésia. Wayang modern iki kacipta mergawayang-wayang purwa, madya lan gedhog ora bisa menuhi kaperluan masyarakat, khususé kaperluan komunikasi. Mula kuwi kacipta wayang modern-modern liyan kanggo njangkepi faktor-fakttor panglancar komunikasi ning masyarakat, kayata wayang wahana (1920), wayang kancil(1925), wayang wahyu (1960), wayang dobel, wayang sejati (1972), wayang budha lan wayang sadat(1985).

Wujud Wayang Pancasila
Wujud wahana wayang iki isa diomong padha karo wayang purwa, saora-orané meh padha persis karo wayang wahana atawawayang suluh .Wayang iki diciptakaké dening Suharsana Hadisusena (pegawé Kamentrian Penerangan kang ana ning kutha Yogyakarta) watara taun 1950-an. Paraga wayang pancasila kuwi modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang pancasila rupané dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan para pejuang, karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kayata Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali ana bintang pangkaté uga. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci tentara . Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya ngrusak kaendahan wayang kulit purwa. Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer, padha kaya wayang revolusi, wayang sadat lan wayang pandu. macem-macemé wayang kontemporer, kang anduweni sejarah lan tokoh kang beda-beda. Jeneng-jeneng lakon kang ana ning wayang pancasila uga anduweni arti kang ngambaraké sapa tokoh kuwi, kayata tokoh Jendral Spoor, panglima panjajah Walanda. Uga dibeber kanggo nyeritakaké carita-carita paristiwa Kamardikan Republik Indonésia kanti tujuan menehi "penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN . Ana ning wayang Pancasila Jendral kuwi anduweni celukan Senapati Rata Dahana, kang artiné Rata kuwikereta api, lan dahana kuwi geni. kaya tembung celukan spoor kuwi pada karo sepur.
Amargi wayang pancasila iki akeh carita perang, nuli kurang apik menawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju. Watara taun 1951 wayang ora tau dibeber maneh. 

Senin, 15 Desember 2014

Jinising Wayang

Jenis-jenis Wayang
Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. 
Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane, kayata:
1.      Wayang wongWayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan  Mahabarata.
2.      Wayang beberYaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.Miturut Kitab Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
3.      Wayang gedhogWayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.(bentuknya hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada jaman Majapahit).
4.      Wayang klitik (krucil)Wayang sing digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp. Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan kang digunakake sangat sederhana
.5.      Wayang golek (thengul)Wayang sing digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.
6.      Wayang madyaWayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7.      Wayang potehiWayang golek kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.Potehi saka tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19 M.
8.      Wayang sadatWayang sing nyritakake lakon agama Islam
9.      Wayang suluhWayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10.  Wayang suketWayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.