Jumat, 26 Desember 2014

Gansir Tawon Ngaji Tri Guna Upaya

Gangsir karo Tawon
Sinau Tri Guna Upaya

Gangsir yen urip kudu dewe, dewean, ndewe

Tawon yen urip bareng, mbareng lan mbarengi

Gangsir yen bareng mesti padudon, gelut, mati

Tawon yen dipisah mesti mati



Kabes wis pepestening gusti.

Minangka gusti utawa pemimpin kudu ngerti

Sipate rakyat sing dikewulani.

Mula kudu ngaji paham marang Tri Guna Upaya

Tri guna upaya tegese telung perkara nyaketake antarane gusti lawan rakyate

Rupa upaya tegese gusti iku kudu appal marang rupa rakyate

Wamsa upaya tegese gusti iku kudu ngerti tata laksana rakyate adat istiadat
paugeran umat


Guna upaya tegese gusti iku kudu ngerti marang sepira daya kapinterane 
kewulane.



Semarang 7 April 2014
Pojok Lor Wetan Gedung Pandanaran(Ki Gula Klapa)

Selasa, 23 Desember 2014

Grimis Kapisan

tuwukna tangismu kanggo nelesi lemah
nela lan suwe tan kejamah
tangan lan jiwa prakosa
wetokna kabeh luh lan kringet-mu
kanggo nyuburake gumuk lan sawah bengkah
wis suwe suket-suket teki, ngranti
tekane biyung dimen bali nyusoni bayi
kanggo katresnan sejati
dhuh biyang

wis wancine ngurupake dimar pepadhang
sawise bayi-bayi padha ngelak getihe kadhang

lumantar grimis riwis-riwis
gowok-gowok garing bisa kisenan banyu bening
sawangen kae wiji-wiji padha semi
ing pasrene ati kang wening


2002

Sumber : KUMPULAN GEGURITAN "Bocah Cilik Diuber Srengenge"

Udan Tengah Wengi

nyawang tlethike udan tengah wengi
kaya nyawang Guernica pating blasah
ing jrambah, aku adhep-adhepan
tanpa obah
kok suguhake glathi
kanggo nyacah daging mentah
geneya adam lan hawa mudhun bumi
nggawa ati semplah?


Surabaya,2001

Sumber : KUMPULAN GEGURITAN "Bocah Cilik Diuber Srengenge"

Sapu Panebah

sapu sada gumlethak ing kasur
ora obah ora mosik
garising nasib kaya wis diatur
tresna wis melahi
nalika raga dlujur
ginambar ing sprei
rupa dasamuka,arjuna,srikandi lan sembadra
apa durga ;an bethara kala

sapu sada dadi panebah
nebah dhadha
ngilangi lumut lan langese jiwa

karah,2007

Sumber : KUMPULAN GEGURITAN "Bocah Cilik Diuber Srengenge"

Manjing Rasa

beninge rasa rinasa
ing uritaning panembah
wiji suci sumarah
sangu talanging sedya
ngebaki sajadah
mbruwah turah-turah

nyandhi donga rinasa
trubus dadi wulu 
dadi kuku
dadi daging
dadi kulit
dadi balung
dadi sungsum
dadi gonging panguripan

ing wekas wis tanpa pungkas
mung ninggal tilas
manjing rasa rinasa
sukma lan raga wis tak prabeda
apa jatine ana lan ora ana?

2007

Sumber : KUMPULAN GEGURITAN"Bocah Cilik Diuber Srengenge"

SENI LENGGER BANYUMASAN


         Kesenian Lengger iku sejatine sakpadhuluran karo Tayub lan Gandrung, nanging kesenian iki misuwur gandhaarum ing tlatah Banyumas.
Jogedan iki biasane ditanggap ing acara-acara kaya mantenan, pitulasan lan rame-rame liyane. Nanging bedhane karo seni sarupa, lengger iki diiringi karo Calung Banyumasan sing digawe saka pring.
Lengger, yaiku jenis tarian tradhisional kang tumuwuh subur ing tlatah budaya Banyumasan. Lengger dipentasake ana ing ndhuwur panggung wektu wengi utawaawan , lan diiringi piranti calung. kesenian lengger awujud tari rakyat kang dienggo sabubare salah sawijine desa panen pari. Kesenian tradisional lengger merupakan tari rakyat yang secara turun-temurun dipakai setelah masyarakat suatu pedesaan melaksanakan panen padi.

Wujud tradhisi lisan masyarakat Banyumas, pertunjukan lengger dibagi dadi 4 babak yaiku :
·         Babak lenggeran
·         Babak badhutan
·         Babak kuda calung
·         Babak baladewan

www.wikipedia.org

Selasa, 16 Desember 2014

Geguritan "LAMUS,LAMUR,LAMUK"


Pleret… pet !
Panyawange katon peteng ndhedhet
Pangrasane rasa sepi nyenyet
Salira mangsa bodhoa
Meneng…
Anteng…
Hamung sumeleh rasa ing dhadha

Pleret… pet
Lamus-lamus pucuking netra
Dadya lamur sira anyawang
Dene lamuk anjujug ora bisa disadhang

Geneya?
Kabeh padha jenggiratan
Apa krana lamus, lamur, lan lamuk sing padha pasingsetan?
Ya… bisa wae, sabab kataraKrana wayah saya pleret
Sabab sumber daya anjlok ora katulungan


Geguritan "ENGGALING JAGAD"

Sampun katata rapi

Jarik kajiret mubeng

Sido mukti laurikke

Pratandha lelorone panggih



Alon endah lumakune

Tumapak ing tlatah abang

Mengkana wus kasambut

Arupa DEWI SINTA


Paes ireng kang nggambari

Ayuning wanguning rai

Kasandhing dening RAMA

Lumampah marang enggaling jagad


Crita Wayang Ramayana "Shinta Kandhusta"


     Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
    Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

    Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
      Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.       Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
     Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.       Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.
         Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
          Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.


SUMANTRI NGENGER


      Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
      Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
      Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.      Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
      Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
          Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
      Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
      Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
      Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri. “nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”“Apa syarate, Dhi?”“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”“Iya, Akang.”“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
        Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
        Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
        Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
        “Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

www.http://ristahernidawati.blogspot.com

Tari Sintren

Sintren' inggih menika salah satunggaling kesenian tradhisional Jawi. Sintren menika tembungipun saking tembung “Si” lan “tren”. Si inggih menika tegesipun “dhèwèkè” utawi “Si”, kaliyan tren ingkang tegesipun “Tri” utawi saking tembung “putri”. Dados sintren tegesipun “Si Putri” ingkang dados lakon wonten ing kesenian menika. Sintren ugi sebatan kanggelakon wonten ing salah satunggaling kasenian. Ananging samenika dados sebatan kangge kesenian tari menika. Sintren saking tembung sesantrian ingkang tegesipun niru santri do0lanan lais, debus, rudat, utawi ubrug ngginakaken ilmu ghaib. Sintreniku seni tradhisional kang ana ing pesisir Jawa Tengah lan Jawa Kulon. Asline, sing dadi penariné wong wadon kang isih suci (prawan), nanging ana kalané dipandhégani dening sawijining priya kang nganggo busana wanita. Sintren iki ana ing satengahing pagelaran ebeg, para pemaine padha mendem (intrance).  Banjur, salah sijine paraga mau ditindhih lesung lan dileboaké ing kurungan.  Ing njero kurungan iku, wong mau dandan kayadéné wanita lan njogèt kayadéné sing liyané. Ing sawetara kedadéyan, paraga mau nglakokaké thole-thole, yaiku sing nari nggawa tampah lan mubeng ing kalangan njaluk sumbangan karo sing mirsani.

Sulasih lan Sulandana
Ana crita rakyat kang dadi landhesane sintren iki, yaiku Sulasih lan Sulandana (Sulandono).
Sulandana iku putrane Ki Baureksa karo Dewi Rantamsari. Sulandana kepranan marang Sulasih, kenya saka Desa Kalisalak.  Emane, Ki Baureksa ora sarujuk.  Sulandana ora trima, dheweke lunga tapa (semèdhi) lan Sulasih dadi tukang njoget (penari).
Ewa semana, kekaroné isih tansah sapatemon ing alam gaib. Patemon iku linantaran dening Dewi Rantamsari.  Ibune Sulandana mau nglebokaké roh widodari ing awake Sulasih. Sawise kuwi, Dewi Rantamsari ngundang Sulandana kang lagi tapa mau supaya teka. 
Mula saka kuwi, ing pagelaran sintren ana pawang kang nyoba nglebokkaké roh widodari.  Syaraté, sing nari sintren mau kudu wanita kang isih suci.  Yen ora suci, roh widodari ora gelem manjing.
Ana 3 Prakara kang dilakoni dening Penari Sintren
Sepisan, pawang nyekel tangan lorone calon penari sintren, banjur didelehake ing dhuwure kemenyan kanthi angucap mantra, banjur calon penari sintren dataleni sakujur awake.
Kaping pindho yaiku calon pengantin sintren dilokake ing kurungan pitik.  Busana sintren lan kelengkapan pacak uga melu dilokake ana kurungan. Sawise wektune wis ngancik, kurungan dibukak, lan penari sintren wis bubar macak kanthi awak tinalen.  Banjur sintren ditutupi kurungan maneh. 
 Kaping telu, sawise ana tandha-tandha sintren wis dadi (biyasane kurungan obah dhewe) kurungan dibukak, banjur taline sintren diuculi lan siap nari.  Saliyane nari, sintren uga bisa akrobat ing dhuwure kurungan.
Panggenan Pertunjukan Sintren
Panggénan kangge ‘’’Sintrèn’’’ inggih menika papan panggènan wonten ing njawi. Tegesipun mangké boten wonten wates antawisipun penari kaliyan pamiarsa lan ugi ingkang nyengkuyung ‘’’Sintrèn’’’ menika. Supados langkung “komunikatif” nalika acara balangan kaliyan temohon, antawisipun pamiarsa kaliyan Penari ‘’’Sintrèn’’’ menika ketingal nyawiji wonten ing pertunjukan menika.Pamirsa mangké dados ndhèrèk nari sasampunipun Balangan.
Wekdal Penyajian
Pertunjukan Sintrèn rumiyin dipunsuguhaken nalika sepi ing dalu wulan purnama lan langkung utami nalika malem kliwon. Amargi Sintrèn menika dipunpitados wonten gegayutanipun kaliyan roh alus ingkang njelma kaliyan penari Sintrèn. Ananging samenika pertunjukan sintrèn saged dipun adani kapan kemawon, saged siang menapa dalu lan boten kedah nalika wulan purnama.

MEMITRAN

Rana-rene bebarengan

awan bengi tansah rumaket

Kaya mimi lan mintuna

Ora kena dipisah


Yen ana mimi mesthi ana mintuna

Yen ana mintuna mesthi ana mimi

Saben dina sangsaya rumaket


Kaya tan ana gela

Nadyan iku mung sandiwara

PANGUDARASA

Cahyamu sumunu mbalerengi
Mubyar pindha agni
Nora panas nggegirisi
Kepara édhum hanentremi
Wèh sengsem jroning ati

Cipta kumlawé ngrengkuh karsa
Mulat rasa lebdèng pitaya
Tanpa pepoyan lumaksana
Neluk was sumelang tidha-tidha
Jumangkah ngranggèh èsthining sedya

Ngaurip lamun padha ngretiya
Lebda jiwa kang prayoga
Sikep darana sarwa prasaja
Pratéla sokur kinucap saben mangsa

Dadya sassadara anggung madhangi
Dadya tari setya lila anganthi
Sayuk reruntung amberkahi
Ngayahi kardi kanth sukèng ati

Tilamwangi, ésuk 03022014

MBARANG

Bocah cilik manis, kakang adhi

Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing lungka teka wira-wiri

Nrenyuhi
Nembangi lagu-lagu memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Kocatan bapa biyunge dheweke tininggal keri
Bocah cilik kendhana-kendhini
Runtang-runtung nyang endi-endi

Dina-dina uripe kalipat ayang-ayange mega



Tradhisi Begalan Banyumas

Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, pigunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan. Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran (latar) penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dapur sing diarani "Brenong Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten lanang, go nyumponi syarat adat mBanyumas sing tegese (makna simbolis)gathuk karo falsafah Jawa khususe wewengkon mBanyumas. Contone: ilir, iyan, cething, kusan, kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring lan wlira. Egin ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning, sewernane gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan liya-liyane egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan kiye kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan [Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan eling-eling ].
Maksud lan prelambang dibegal: "sing dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini penganten".
Upacara kiye di wakilaken tukang njoged sing wis biasa (dhukun begalan), gunggunge ana wong loro; sing siji dadi wakile penganten wadon gawane "Wlira" ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene wakil penganten/besan lanang nggawa "Brenong Kepang" kuwe isen-isene prabot dapur.
Biasane bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rebutan/rayahan penonton.

Wayang Pancasila

Wayang Pancasila kuwi carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakaké mung lakon-lakoné, ning wayang Pancasila lakoné pejuang-pejuang bangsa Indonésia caritané uga bab perjuangan Bangsa Indonésia. Wayang modern iki kacipta mergawayang-wayang purwa, madya lan gedhog ora bisa menuhi kaperluan masyarakat, khususé kaperluan komunikasi. Mula kuwi kacipta wayang modern-modern liyan kanggo njangkepi faktor-fakttor panglancar komunikasi ning masyarakat, kayata wayang wahana (1920), wayang kancil(1925), wayang wahyu (1960), wayang dobel, wayang sejati (1972), wayang budha lan wayang sadat(1985).

Wujud Wayang Pancasila
Wujud wahana wayang iki isa diomong padha karo wayang purwa, saora-orané meh padha persis karo wayang wahana atawawayang suluh .Wayang iki diciptakaké dening Suharsana Hadisusena (pegawé Kamentrian Penerangan kang ana ning kutha Yogyakarta) watara taun 1950-an. Paraga wayang pancasila kuwi modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang pancasila rupané dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan para pejuang, karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kayata Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali ana bintang pangkaté uga. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci tentara . Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya ngrusak kaendahan wayang kulit purwa. Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer, padha kaya wayang revolusi, wayang sadat lan wayang pandu. macem-macemé wayang kontemporer, kang anduweni sejarah lan tokoh kang beda-beda. Jeneng-jeneng lakon kang ana ning wayang pancasila uga anduweni arti kang ngambaraké sapa tokoh kuwi, kayata tokoh Jendral Spoor, panglima panjajah Walanda. Uga dibeber kanggo nyeritakaké carita-carita paristiwa Kamardikan Republik Indonésia kanti tujuan menehi "penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN . Ana ning wayang Pancasila Jendral kuwi anduweni celukan Senapati Rata Dahana, kang artiné Rata kuwikereta api, lan dahana kuwi geni. kaya tembung celukan spoor kuwi pada karo sepur.
Amargi wayang pancasila iki akeh carita perang, nuli kurang apik menawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju. Watara taun 1951 wayang ora tau dibeber maneh. 

Dhawuhe Prabu Abiyasa

“Ngene ya Pandu, ala tanpa rupa Drestarasata iku kadangmu. Yen kowe rabi, sepisan bae banjur telu, mangka kakangmu during. Lha yen nganti kakangmu serik, kasarane kok –langkahi, apa ora bakal gawe kosut asmarane kakangmu ?”
“Keparengipun kanjeng Rama?”
“Umpama. Umpama iki bisa bali maneh. Umpamane kowe tak jaluk rilamu, putri telu kuwi siji kok – rilakake  dadi jodho  dhaupe kadangmu, kepriye ?”
Tanpa tidha – tidha Raden Pandu mangsuli, “Kula kantun nderek keparengipun kanjeng Rama.”
“Lair batin?”
“Inggih.”
Prabu Abiyasa banjur paring pangandikan marang Raden Drestarasta , “Drestarasta!”
“Kula Rama Prabu.”
“Pandu duwe boyongan putrid telu, durung dadi jodho dhaupe. Pandu dhaup sagedhangan telu, mangka kowe iku kakang durung palakrama, ha rak prayoga. Pandu ngrilakake putrid telu salah siji dadi jodho dhaupmu.”
Drestarasta nanggapi, “Rama, panceninpun inggih wonten rasa pakewuh ing atasipun kula boten tumandang awrat wekasan kula kedah ngraosaken kanikmatanipun. Bawanipun Rama paring dhawuh kados mekaten, inggih badhe kula lampahi. Kula purun dipundhaupaken kaliyan putri boyonganipun Pandu salah setunggal, nanging kula kedah milih, menawi boten angsal milih trimah boten. Kajengipun Pandu gadhah garwa ,kula dereng. Boten menapa – menapa, mapan kula piyambak ngrumaosi bilih kula tiyang cacad netra.”
“Lho. Lho. Lho aja kaya mangkono. Pandu!”
“Wonten dhawuh, Rama.”
“ Drestarasta gelem didhaupaken karo putrid boyonganmu salah sawiji, nanging cacade kok Drestarasata  arep milih, apa rila putrid telun kuwi dipilih dening kakangmu salah siji?”
“Adhuh, pepunden kula Rama. Sampun milih kok namung dipunkerskaken setunggal kanthi kapilih, nadyan tiga badhe dipunkersakaken Kangmas, kula rila lair batin.”
“Bagus. Yen ngono kowe matura dhewe marang Dresatarasta. Dadi ora lidhah sinambung,” ngendikane Prabu Abiyasa.
Raden pandu banjur matur marang kadang tuwa. “ Kangmas Drestarasta, kula rila lair batin wanodya tetiga menika kagarwa Kangmas Drestarasta. Nanging bilih panjenengan namung ngersakaken setunggal, badhe milih, mangga. Tiga dipunkerskaken sedata, mangga.”
“Tenan kuwi yayi ?”
“Saestu”
“Lair batin?”
“Inggih”
“O, adhiku, Dhi. Yen mangkono ya mung siji bae, ora usah loro telu. Rama kula nyuwun pangestu. Kula  bahde milih jodho dhaup kula.”
“Ya, Drestarasta, tak Pangestoni.”
Raden pandu nuli paring dhawuh marang putrid boyongan, “ Kunthi, Madrim, Gendari, kowe kudu gelem dipilih salah sawiji. Sapa kang dadi pujine karsa, ya kuwi kang dadi jodho dhaupe Kakangmas Drestarasta.”

“kados pundit a Raden ? kala wau kula rak sampun matur bilih kula kedah suwita paduka, “Dewi Gendari datan sarujuk, amarga kuwatir yen dipilih.