
Beksan Gambyong mujudaken
beksan ingkang wiwitaipun dipunbeksakake dening para taledhek. Beksan iki banjur dibesut dening
Kraton Mangkunegaran saengga dadi beksan kang luwih alus. Miturut tradhisi lisan ing tlatah PatiGambyong
iku jenengane waranggana kang
trampil lan prigel anggone mbeksa. Beksan
Gambyong iku wiwitane tarian rakyat kang dibeksakake denging taledhek lan
padatan dianggo ing satengahing bebrayan agung ingaranantayub. Para taledhek iku mbeksa sinambi
nembang. Ing satengahing mebksa
lan nembang mau, para taledhek uga ngajak wong-wong lanang sing padha nonton
(mligine sing sugih) supaya ''ngibing'' bareng. Sing dadi garapan Kraton
Mangkunagaran dudu taledhek kang ngibing bareng wong lanang iku, nanging nalika
dheweke njoged dhewe sinambi mincut para wong lanang kang pengin ngibing bareng
dheweke. Gandheng garapane bedha
saka tarian asline, gambyong kang dibesut dening Kraton Mangkunegaran ora
nganggo nembang maneh, wujude tarian uga pinathok dening paugeran-paugeran
beksan saka kraton.
Menawi dipuntingali saking busana,boten ketingal bilih beksan Gambyong
Pareanom sejatosipun beksan saking tarian rakyat. Nanging menawi dipunjingglengi
kathi premati,obahing awak (gerak), ragam jogedipun taksih sederhana lan
ketingal sanget anggenipun mendhet gerakan jogedane taledhek. Bentenipun, taledhek
punika njoged sinambi nembang lan jogedanipun kanthi improvisasi, nanging
penari Gambyong Pareanom boten.
Penari Gambyong Pareanom kedah manut paugeran-paugeran ingkang sampun
dipuntemtokaken dening koreografer lan boten nembang. Beksan
Gambyong Surakarta lan beksan
GolekYogyakarta nggadhahi tema lan koreografi ingkang sami. Beksan
Gambyong lan beksan Golek punika kalebet tari tunggal, nanging saged
dipunsuguhaken kanthi sesarengan, kathah tiyang. Kekalihipun nggambaraken daya tarik wong wadon kang isih enom, nanging
beksan Gambyong ngundhang birahi lan mencut wong lanang. Pramila,beksan Gambyong iku
dipunbeksakaken kanthi esem kang kenes. Nanging
kejaba punika, beksan gambyong ugi mujudaken gambaran watak wanodya Jawi
ingkang alus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar