LELAKU
Geneya kudu
oyak-oyakan
Yen tundhone
mung kudu antri,
Nunggu kompal-kampule
kapal
Kanyatane aku
lank owe ora ana
Bedane,
padha gumantung tumpangan
Ora ana kang
wani kumalungkung ngungalake dadha
Jalaran lelaku
padha
Tundhone melu
gumuruh
Lamun bendhe
tinabuh
Geneya kudu
angluh
Yen mercusuar
mung ndamar mancung
Nggret ati
cupet
Tumuju pulo-pulo
seje
Nganti ngentir
mili ngeli
Nyabrang samodra
bawera
Nurut dawane
wengi
Papan kang
kudu dituju
Tansah samun
dinulu
Lha njur apa
bedane
Sesuk apa
saiki wae!
Bali,
Geneya iline
prau ing getihku
Nuju getihmu?
(Surabaya-Bali, 1999)
Sumber : Kumpulan Geguritan “Bocah Cilik Diuber Srengenge”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar