
Wujud
Wayang Pancasila
Wujud wahana wayang iki isa diomong padha karo wayang purwa,
saora-orané meh padha persis karo wayang
wahana atawawayang suluh .Wayang
iki diciptakaké dening Suharsana
Hadisusena (pegawé
Kamentrian Penerangan kang ana ning kutha Yogyakarta) watara taun 1950-an.
Paraga wayang pancasila kuwi modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang
pancasila rupané
dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan
para pejuang,
karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kayata Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali
ana bintang pangkaté uga. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci tentara .
Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya
ngrusak kaendahan wayang kulit purwa.
Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer,
padha kaya wayang
revolusi, wayang sadat lan wayang pandu. macem-macemé wayang kontemporer, kang
anduweni sejarah lan tokoh kang beda-beda. Jeneng-jeneng
lakon kang ana ning wayang pancasila uga anduweni arti kang ngambaraké sapa
tokoh kuwi, kayata tokoh Jendral
Spoor, panglima panjajah Walanda. Uga dibeber kanggo nyeritakaké
carita-carita paristiwa Kamardikan Republik Indonésia kanti tujuan menehi
"penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN . Ana ning wayang Pancasila Jendral kuwi
anduweni celukan Senapati
Rata Dahana, kang artiné Rata kuwikereta
api, lan dahana kuwi geni.
kaya tembung celukan spoor kuwi pada karo sepur.
Amargi wayang pancasila iki akeh carita
perang, nuli kurang apik menawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju. Watara
taun 1951 wayang ora
tau dibeber maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar