Jumat, 12 Desember 2014

Lumpat Tali Bakal Dilombakake

Lumpat tali utawa skiping sasuwene iki luwih populer ing kalangan bocah-bocah. Mangka, jinis olahraga iki pra­nyata nduweni potensi kanggo dikem­bang­ake luwih akeh maneh, lan dilom­bakake kayadene jinis olahraga liyane. Mangkono dikandhakake Kepala Pusat Pemberdayaan Pemuda dan Olahraga Nasional (PP PON) Kementerian Pemuda dan Olahraga (Ke­men­pora), Yuni Poerwanti.
“Lumpat tali utawa skipping sasuwene iki pancen luwih populer ing kalangane bocah-bocah, nanging jinis olahraga iki nduweni potensi dikembangake maneh lan dilombakake kayadene jinis olahraga liyane” ujare Yuni.

Mula kuwi, Yuni nambahake, pehake siap ngedegake Asosiasi Lompat Tali Indonesia (ALTI), mesisan mopulerake olah­raga kang luwih dikenal kanthi aran skiping iki ing Tanah Air.
Niatan iki bakal diwujudake jroning acara pemecahan rekor MURI kang dieloni 5000 peserta ing Cibubur tanggal 9 Maret iki. Rekor MURI Lumpat Tali sadurunge yakuwi 4.500 peserta kang digelar ing kutha Bekasi taun 2008.
Yuni njlentrehake, jroning wektu ce­dhak iki pehake enggal nindakake sosiali­sasi sarta mbentuk asosiasi olahraga lum­pat tali mau ing daerah-daerah. Dene lang­kah sabanjure sawise ALTI dibentuk yakuwi nyusun format kompetisi.
“Aku yakin dhaerah-dhaerah bakal ter­tarik amrih enggal mbentuk asosiasi olah­raga lumpat tali ing dhaerahe” kandhane.
Ing negara liya, utamane negara maju, lumpat tali mujudake sawijining cabang olahraga lan rutin ditandhingake, kepara ing tingkat internasional.
Negara kang wis nduweni asosiasi lumpat tali (jump rope) yakuwi Amerika Serikat (AS), Inggris, Ustrali, Belgi, Kana­da, Denmark, Jeman, Swiss, lan Jepang. Nomer sing ditandhingake ing antarane yakuwi nomer individu utawa beregu, adhe­dhasar tingkat angele lan bantere.
Sajege taun 2006, kajuwaran dunia lumpat tali kanthi rutin digelar saben rong taun lan tuan rumah terakhir yakuwi AS, nalika ing tanggal 30 Juli nganti 9 Agustus 2012, ing Tampa, Florida.
Ing nomer kecepatan, pemenang di­tem­tok­ake adhedhasar kecepatan putaran tali jroning wektu tinamtu.
Rekor dunia kanggo atlet putri tume­kane saiki isih dicekel dening Jolien Kam­peneer asal Belgia kang bisa mlumpat mung nganggo sikil tengen nganti kaping 102 jroning wektu 30 dhetik, dene rekor putra dicekel Chu Ting Ho saka Hongkong kang mlumpat kaping 500 jroning wektu telung menit.
Pemegang rekor liyane yakuwi Paul Morning saka AS kang bisa mlumpat ka­ping 73 mung jroning wektu sepuluh dhetik.
Sauntara kuwi Guru besar Fakultas Ilmu Kesehatan Universitas Negeri Jakarta (UNJ), Firmansyah, jroning sawijining kalo­dhangan ngandhakake yen olahraga lum­pat tali nduweni sakehing manfaat kanggo perkembangan fisik, ing antarane yakuwi ningkatake kecepatan, daya ledak (ke­mam­puan sadhengah otot kanggo ngasil­ake kerja fisik kanthi ndadak), kelincahan, kekuwatan, daya tahan lan kelenturan awak.

Sumber : Panjebar Semangat 2014




Tidak ada komentar:

Posting Komentar