
Tembung bedhaya punika kapendhet saking Basa Sansekerta, inggih punika budha ingkang gadhah makna awal, wiwitan utawi suci. Wonten ing salebeting tari bedhaya punika mboten sembarang tiyang ingkang saged narèkaken. Tiyang punika kedah kenya ingkang taksih prawan ingkang dèrèng nggarap sari (haid) lan saged nglampahi sarat-sarat lelampah ingkang dipun wajibaken sakdèrèngipun mbeksa, inggih punika lelampah spiritual kebatinan, pasa lan dipun pingit wonten panggènan mligi supados para paraga tari punika siap lahir batin lan kadhidhik méntal ugi kapribadènipun.
Bedhaya kakung
Rikala jaman semanten para paraga tari bedhaya punika inggih saged ugi para tiyang jaler utawi tiyang kakung kang tasih anèm lan nggadahi wiraga kadhos tiyang putri, alus lan subasita. Tari ingkang dipun bektakken lajeng kasebat tari bedhaya kakung utawi bedhaya jaler alasanipun tari punika dipun bektaake kaliyan tiyang kakung amargi tiyang putri wonten alanganpun inggih punia haids lan jaman semanten tiyang putri mboten angsal campur dados setunggal yen dèrèng palakrama. Kejawi saking punika, tari bedhaya dipuntarèkaken ing wekdal ingkang dangu. Manawi staminanipun mboten saé saged andadosaken gerah utawi lungkrah. Wekdal ingkang dipunginakaken rikala jaman semanten saged ngantos setunggal setengah jam. Pramila saking punika penarinipun kedah pilihan.
Para paraga utawi penari cacah sanga punika wau ngandhut suraos piyambak-piyambak, inggih punika Batak, gulu, jaja, hendel, apit ngajeng, apit winking, wedhalan ngajeng, wedhalan wingking lan buncit. Setunggil lan setunggilipun mawa makna lan filosofi ingkang bènten-bènten.
Werna-werni Bedhaya
Bedhaya Ketawang, dhurasi tarian watawis 130 menit
Bedhaya Pangkur, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Duradasih, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Mangunkarya, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Sinom, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Endhol-endhol, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Gandrungmanis, dhurasi tarian watawis 60 menit
Bedhaya Kabor, dhurasi tarian watawsis 60 menit
Bedhaya Tejanata, dhurasi tarian watawis 60 menit
Para paraga utawi penari cacah sanga punika wau ngandhut suraos piyambak-piyambak, inggih punika Batak, gulu, jaja, hendel, apit ngajeng, apit winking, wedhalan ngajeng, wedhalan wingking lan buncit. Setunggil lan setunggilipun mawa makna lan filosofi ingkang bènten-bènten.
Werna-werni Bedhaya Bedhaya Ketawang, dhurasi tarian watawis 130 menit Bedhaya Pangkur, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Duradasih, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Mangunkarya, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Sinom, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Endhol-endhol, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Gandrungmanis, dhurasi tarian watawis 60 menit Bedhaya Kabor, dhurasi tarian watawsis 60 menit Bedhaya Tejanata, dhurasi tarian watawis 60 menit
www.wikipedia.org
Tidak ada komentar:
Posting Komentar