Tari Srimpi
Miturut Baoesastra Djawa, srimpi ateges lelangen beksa, ingkang
mbeksa tiyang èstri cacahipun sekawan, amargi simpi menika nggadahi ateges
dasanama saking wanda sekawan. Kejawi bedhaya, srimpi inggih dados beksa
ingkang dipuntarekaken wonten ing istana, saha dados lelangen beksa klasik
ingkang dipun ngleluri amargi beksan punika kalebet beksan pusaka kraton.
Beksan srimpi menika nggadhahi cariyos ingkang sami kaliyan beksan Bedhaya Sanga, ingkang nyariyosaken babagan akal kalian
nepsu tiyang manungsa ingkang perang. Wonten ing sanesipun, Kadipaten Pakualaman nyariosaken menawi beksan srimpi punika
beksan ingkang dipun pentasaken wonten ing adicara sepekenan utawi gangsal
dinten bibar adicara pawewahan ageng boyongan putri Pakualamdhateng Pakualaman. Beksan srimpi punika dipun pentasaken kagem
adicara mangayubagya resepsi kados tradisiKasunanan Surakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar