PASURYAN AYU IBUKU
Sunar lan renungan sing tak waca ning nduwur watu
Ngenani ayune pasuryan ibuku
Ana garis werna saka pasuryan iku
Nyritakake jamanku lugu awujud lagu
Pasuryan ayu ibuku
Ing padharan iku aku tau nunut turu
Nganti aku nesep susu
Dadi getih mili ning awakku
Piwalesku namung donga nganti kegawa tekan mimpiku
Pasuryan ayu ibuku, mesti ana ing ngendi aku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar