Kumbakarna Gugur
Sasampunipun Bendungan ing seganten ingkang tumuju Nagari Alengka iku kabangun, andamel gampil Prabu Rama anggenipun mbidhalaken wadya bala Rama ingkang badhe njebol beteng Alengka. Menapa malih Wibisana adhinipun Rahwana ingkang boten sarujuk kalian rakanipun ingkang nggadhaho trekah adigang, adigung, adiguna. Wibisana nilaraken Alengka manggihi saha njurungi Rama Manunggalipun Wibisana mbiyantu Rama ndadosaken kekiyatanipun wadya bala ingkang badhe mbrastha murka ing Nagari Alengka sansaya santoso.
Cekaking cariyos betenging Nagari Alengka sampun kinepung wakul binaya mangap dening wadya bala Rama ingkang dipunpandhegani dening Lesamana, Sugriwa, Anoman, Anggada, Anila, saha rajaning bruwang anama Jembayan. Mangertos negarinipun sampun kinepung agul – aguling wadya balaning Rama, Rahwana ngempalaken para pangageng dalah para ingkang pinunjul ing perang supados mapagaken. Rama Wijya dereng ngantos prentah bala tantranipun mrwasa mengsah, bala Alengka sampun ngrumiyini ambyug ing yuda. Ingkang dados gegedhuging Nagari Alengka pamanipun piyembak boten sanes Patih Prahasta , anakipun Rahawana ingkang digdaya, sekti, saged ngical, ingkang nama Indrajit lan kathah para senapati ingkang digdaya kadosta: Dumreksa, Kampana, Wirupaksa, Pragongsa, Brajamusti dalah Mintragna. Tempuking bala tantra Kosala kalian bala tantra Alengka dados perang sampyuh Bala tantra kalih – kalihipun kathah ingkang sami pralaya. Para senapati gegedhuging Nagari Alengka sami gugur ing madyaning peperangan.
Kajawi para senapatining Nagari Alengka ingkang pinunjul ing perang sami pejah dening wadya balaning Rama Wijaya, pamanipun ingkang kinasih inggih patih Prahasta gugur ing madyaning perang kajuwing – juwing dening Anila.
Midhanget palapuran menawi paman kinasihipun gugur ing madyaning peperangan Rahwana leleg penggalihipun. Jalaran para senapatinipun ingkang pinunjul ing perang sami pralaya ing palagan peperangan. Rahwana ndhawuhi para bupati nimbali Kumbakarna supados sowan marak ing paseban. Amargi Kumbakarna satunggal – tunggaling ingkang saged dipunadelaken. Jalaran Kumbakarna Satriya Pangleburgangsa digdaya sekti mandraguna nggadhahi aji Patakgelapsaketi ingkang dipunajrihi mengsah – mengsahipun.
Nalika semanten Kumbakaran saweg nepakaken aji Cirakalasupta. Ajian ingkang kangge tilem nglepus ngantos pinten – pinten wulan. Kangge nggigah dipunbetahaken swaranipun tetabuhan ingkang dipuntabuh sesarengan, gegaman landhep dipunsuduk –sudukaken wonten badanipun nanging meksa boten wungu. Ngantos ndugegaken atusan kreta kangge narik badanipun ingkang agengipun sagunung ugi boten kasil. Kaleresan wonten buta wasis ingkang nggadhahi kawruh kabatosan. Piyambakipun kasil nggigah Kumbakarna.
Sasampunipun wungu sanalika Kumbakarna ngendika, “kenapa aku ditangekake?” para mentri utusanipun Rahwana matur sesarengan, “paduka dipuntimbali sowan prabu Rahwana sapunika ugi. Kutha Alengka sampun kinepungan musuh, tantra Alengka dipunobrak – abrik prajurit kethek. Kathah senapati dalasan para bupati Alengka ingkang pralaya ing palagan peperangan, antawisipun Prajongga, Mintragana, Wirupaksa, Bajramusti, Jambumangli, Putadaksi, Dumreksa, ugi paman Paduka Patih Prahasta.
Midhanget aturipun utusan Prabu Rahwana, Kumbakarna murina nagarinpun kedhatengan mengsah, menapa malih rakyat kaliyan tantra dados korban ingkang boten sekedhik. Nagari, bangsa, tuwin nusa kedah dipunbela. Pungksanipun Kumbakarna kersa sowan ing paseban, ing ngarsa Prabu Rahwana.
Ing pasowanan Rahwana ngarih – arih Kumbakarna supados purun majeng dados senaptining perang merjaya Rama, Lesmana, Sugriwa, Anoman lang Anggada. Kumbakrna puguh boten purun mblelaning Rahwana, malahan nglepataken Rahwana. Aturipun, “Kakang Prabu punika sadaya amargi kalepatan kakang piyambak. Kathah ingkang sampun atur pamrayogi dhumateng panjenengan nanging panjenengan boten kersa midhangetaken. Adhi kita Wibisana ingkang sampun ngemutaken bilih perang temtu damel kurban, dhatengaken bencana, murugaken para kawula nandhang pap critaka. Perang punika ngrisak katentreman dalah karaharjaning sesame. Nanging malah panjenengan tundhung kapurih minggat saking Ngalengka. Aturipun Wibisana rumiyin amargi tresna dhateng panjenengan, ugi tresna dhteng rah wutah kelahiranipun.”
Miring pratelanipun adhinipun Rahwana nesu, nguman – nguman adhinipun. Kathah tetembungan ingkang saru, tetembungan sabangsane kewan sedaya medal saking lambenipun. Wusananipun taksih kathah kalih nguman – nguman, Rahwana, ngucap, “kowe pancen kebangeten Kumbakarna. Aku prentah kowe ora amarga aku wedi ngadhepi musuh. Yen saiki aku maju dhewe ing palagan peperangan ora ana sing bisa uwal saka tanganku kabeh mesthi modar. Nanging, apa gunane wong kaya kowe kuwi wis dimulyakake dening Alengka nanging ora peduli nalika negarane diserang musuh.”
Ucapan ingkang pungkasan punika ingkang dadosaken Kumbakarna siyaga sadedameling yuda, medal ngamuk nrajag mengsah. Ing batos Kumbakarna majeng perang boten mbelani kakangipun ingkang dursila angkara murka, nyahak hakipun tiyang sanes, nanging mbelani negaraninipun inggih Alengka ingkang sampun mulyakaken. Ing palagan peperangan Kumbakarna gugur minangka pahlwaning negari.
Asah Basa 2013,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar