Senin, 15 Desember 2014

JAGAD NYAWIJI


Sapa sing ngirid ketege jantungku

Tumuju jagad kang sinengker

Ing sepi samun,nalika

Awakku kari sak-klentheng lumebu

Bolongane kuping-Mu


Jagad dadi

Nyawiji ing garis sandhi

Apa bedane buta gedhe lan cilik

Apa bedane karep lan pepengi an

Apa werdine ombak lan segara

Apa tilase antarane ana

Lan ora ana


Nyatane mung  kari slira-Mu

Ijen

Kang tan bisa kinayangapa

                                                                (Januari 2008)


Sumber : Kumpulan Gguritan “BOCAH CILIK DIUBER SRENGENGE”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar