Rama Tambak
Prabu Dasamuka dipun adhep patih Prahastha, Raden Indrajit dalah tumenggung Mintragna ingkang Karembag, sang nata prentah Raden Indrajit kinen ngaturi kang paman Gunawan Wibisana supados wangsul dhateng ngalengka. Menawi ksatriyan Kuntara pinanggih suwung amargi Wibisana sampun bidhal dhateng Mangliwan, Ksatriyan Kuntara kadhawuhan mbumi angus Indrajit sendika nunten bidhal.
Dewi Triwati kaadhep Raden Bisa Baena dalah patih Kertabangsa. Nampi sowanipun Indrajit, Trisirah dalah raden Dewantaka. Wigatos badhe ngaturi kang paman, nanging winangsulan lamun Raden Gunawana sampun jengkar dhateng mangliwan.
Prabu Rama dipun adhep punakawan Semar, Gareng, Petruk dalah Bagong. Ngrembag anggenipun badhe ngrabasa dhateng Ngalengka. Raden Gunawan tuwin Dyah Anoman sowan ngaturi Prabun Rama kinen yasa tambak kangge nyebrangake bala kapi.
Prabu Rama lajeng nimbali Kapi Saraba (kethetk rai baya), kapi yuyu rumpung (kethek rai yuyu) dalah kapi bekiking (kethetk rai cacing) kinen tumut rombongan wanara balanipun Sugriwa, amargi kapi katiga wau pandherekipun Bathara Baruna. Wasana kapi saraba, bekiking tuwin yuyu rumpug ugi sendika.
Siswanipun Bathara Bayu nenggih Gajah Setubandha nembe tapa. Katungka praptanipun Raden Anoman. Setubanda katuran kasil kesah nanging boten purun teman dados perang. Gajah Setubanda saged kepikut, nanging sareng samai tetepangan saha nunggil siswa Bathara Bayu, Anoman dalah Setubanda nulya manunggal mbedhol gunung sokasari lajeng kacemplungaken ing samodra. Para wanara nulya nunten sami ngungsungi sela kangge njangkepi tambak.
Dewi sinta kaadhep Trijatha, Dewi Trijatha matur bilih Sri Rama dalah Dyah Lesmana taksih sugeng. Dewi sinta dahat suka ing penggalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar