Jenis-jenis Wayang
Wayang kulit utawa
wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake lelakone
Ramayana lan Mahabarata.
Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane, kayata:
1. Wayang wongWayang sing paragane wong,
uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2. Wayang beberYaiku mori kang digambari
wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh.
Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.Miturut Kitab
Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing
Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing
tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
3. Wayang gedhogWayang sing nyeritakake
lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.(bentuknya hampir sama
dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman
Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke
Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi
dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada
jaman Majapahit).
4. Wayang klitik (krucil)Wayang sing
digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp.
Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan
kang digunakake sangat sederhana
.5. Wayang golek (thengul)Wayang sing
digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp.
Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku
wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.
6. Wayang madyaWayang kulit sing
nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening
Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang
gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7. Wayang potehiWayang golek kanthi
cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina
Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.Potehi saka
tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe
saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad
16-19 M.
8. Wayang sadatWayang sing nyritakake
lakon agama Islam
9. Wayang suluhWayang sing nyritakake
sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10. Wayang suketWayang kang digawe saka suket, critane babagan
kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring
digunakake bocah cilik kanggo dolanan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar