Senin, 15 Desember 2014

Tari Bambangan Cakil

Tari Bambangan Cakil yaiku salah sawijining tari klasik ing Jawa khususé ing Jawa Tengah. Sakbeneré tari iki kajupuk saka salah sawijining adegan ing pakeliran wayang yaiku adhegan Perang Kembang. Tari iki nyritakaké perang antarané sing becik klawan sing ala, ing kéné digambaraké antarané Ksatriya klawan Buta Cakil. Ksatriya kuwi minangka tokoh kang apik kang sipaté lemah lembut, Buta Cakil nggambaraké tokoh kang kasar. Ing pakeliran wayang Kulit, adhegan perang kembang iki biasané metu ana ing tengah-tengah utawa ing wayah Pathet Sanga.Amarga ing pathet sanga para miyarsa biasané wis mulai bosen karo adhegan-adhegan caturan, mula Dhalang tanggap banjur ngisi adhegan perang kembang iki. Perang antarané Ksatriya (Bambangan) klawan Cakil iki pancèn atraktif, ing kono uga bisa dadi papan pambiji kanggo dhalang ing bab njogètké wayang.

Tokoh Bambangan kuwi ora nunjuk salah sawijining tokoh tertamtu kayata Bambang Irawan, Bambang Priyambada, Bambang Wijanarka, Bambang Wisanggeni, Bambang Swatama, Bambang Senggotho, lan liya-liyané. Ing pakeliran Wayang Kulit lan Wayang wong tokoh bambangan biasané luruh artiné rainé nunduk (ora ndengak) prawakan cilik (mbambang). Bambangan kuwi minangka simbolisasi saka tokoh ksatria kang pasuryané gantheng kang sarwa alus ing sabarang solahé, kayata: solah bawa, wicara, pocapan, lan budi pekertiné.
Tokoh-tokoh ksatriya kang kagolong bambangan yaiku antarané:
1.   Sumantri,
2.   Rama,
3.   Laksmana,
4.   Palasara,
5.   Pandu,
6.   Arjuna,
7.   Abimanyu,
8.   Irawan, lan
9.   Priyambada.
Tokoh-tokoh wayang gagah kaya déné:
1.   Gandamana,
2.   Salya,
3.   Bima,
4.   Gathutkaca,
5.   Antareja,
6.   Kakrasana,
kuwi ora bisa disebut bambangan, sanajan kagolong ksatriya.
Gandhèng cènèngé karo perang kembang utawa Bambangan-Cakil, tokoh-tokoh gantheng kang prawakan cilik lan rainé ndengak (tradisi wayang nyebutké "longok" utawa "lanyapan") ora bisa disebut bambangan kayata:
1.   Karna,
2.   Nangkula,
3.   Sadewa,
4.   Truthajumena,
5.   Narasoma,
6.   Narayana,
7.   Wisanggeni, lan
8.   Samba.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar