Lumpat tali utawa skiping sasuwene
iki luwih populer ing kalangan bocah-bocah. Mangka, jinis olahraga iki pranyata
nduweni potensi kanggo dikembangake luwih akeh maneh, lan dilombakake
kayadene jinis olahraga liyane. Mangkono dikandhakake Kepala Pusat Pemberdayaan
Pemuda dan Olahraga Nasional (PP PON) Kementerian Pemuda dan Olahraga (Kemenpora),
Yuni Poerwanti.
“Lumpat tali utawa skipping sasuwene iki pancen luwih
populer ing kalangane bocah-bocah, nanging jinis olahraga iki nduweni potensi
dikembangake maneh lan dilombakake kayadene jinis olahraga liyane” ujare Yuni.
Mula kuwi, Yuni nambahake, pehake siap ngedegake Asosiasi
Lompat Tali Indonesia (ALTI), mesisan mopulerake olahraga kang luwih dikenal
kanthi aran skiping iki ing Tanah Air.
Niatan iki bakal diwujudake jroning acara pemecahan rekor
MURI kang dieloni 5000 peserta ing Cibubur tanggal 9 Maret iki. Rekor MURI
Lumpat Tali sadurunge yakuwi 4.500 peserta kang digelar ing kutha Bekasi taun
2008.
Yuni njlentrehake, jroning wektu cedhak iki pehake enggal
nindakake sosialisasi sarta mbentuk asosiasi olahraga lumpat tali mau ing
daerah-daerah. Dene langkah sabanjure sawise ALTI dibentuk yakuwi nyusun
format kompetisi.
“Aku yakin dhaerah-dhaerah bakal tertarik amrih enggal
mbentuk asosiasi olahraga lumpat tali ing dhaerahe” kandhane.
Ing negara liya, utamane negara maju, lumpat tali mujudake
sawijining cabang olahraga lan rutin ditandhingake, kepara ing tingkat
internasional.
Negara kang wis nduweni asosiasi lumpat tali (jump rope)
yakuwi Amerika Serikat (AS), Inggris, Ustrali, Belgi, Kanada, Denmark, Jeman,
Swiss, lan Jepang. Nomer sing ditandhingake ing antarane yakuwi nomer individu
utawa beregu, adhedhasar tingkat angele lan bantere.
Sajege taun 2006, kajuwaran dunia lumpat tali kanthi rutin
digelar saben rong taun lan tuan rumah terakhir yakuwi AS, nalika ing tanggal
30 Juli nganti 9 Agustus 2012, ing Tampa, Florida.
Ing nomer kecepatan, pemenang ditemtokake adhedhasar
kecepatan putaran tali jroning wektu tinamtu.
Rekor dunia kanggo atlet putri tumekane saiki isih
dicekel dening Jolien Kampeneer asal Belgia kang bisa mlumpat mung nganggo
sikil tengen nganti kaping 102 jroning wektu 30 dhetik, dene rekor putra
dicekel Chu Ting Ho saka Hongkong kang mlumpat kaping 500 jroning wektu telung
menit.
Pemegang rekor liyane yakuwi Paul Morning saka AS kang
bisa mlumpat kaping 73 mung jroning wektu sepuluh dhetik.
Sauntara kuwi Guru besar Fakultas Ilmu Kesehatan
Universitas Negeri Jakarta (UNJ), Firmansyah, jroning sawijining kalodhangan
ngandhakake yen olahraga lumpat tali nduweni sakehing manfaat kanggo
perkembangan fisik, ing antarane yakuwi ningkatake kecepatan, daya ledak (kemampuan
sadhengah otot kanggo ngasilake kerja fisik kanthi ndadak), kelincahan,
kekuwatan, daya tahan lan kelenturan awak.
Sumber : Panjebar Semangat 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar