Tari Kuda lumping ugi dipunsebut jaran kepang utawi jathilan inggih punika tarian tradisional Jawa ingkang
nampilaken sekelompok prajurit nalika nunggang turangga.
Tarian punika migunakaken jaran ingkang kadamel saking pring ingkang dipunanyam lan dikethok kados
bentuk jaran. Anyaman
jaran punika lajeng dipun hias kanthi cat lan kain ingkang manéka werni. Tarian
kuda lumping biasanipun namung nampilaken adhegan prajurit kanthi jaran,
ananging wonten ing pinten-pinten wilayah nyuguhaken atraksi kesurupan, kekebalan, lan kekiyatan magis,
kadosta atraksi mangan beling lan kekebalan badan tumrap pecut.
Jaran Képang minangka pérangan saking pagelaran tari reog. Éwadéné tarian punika asalipun
saking tlatah Jawa,Indonesia, tarian
punika ugi dipun warisaken déning tiyang Jawa ingkang papan dunungipun wonten ing Sumatera Utara lan ing pinten-pinten tlatah ing njawi
rangkah Indonesia kadosta
ingMalaysia.
Kuda lumping inggih punika seni tari ingkang dipunmainaken kanthi properti
awujud kuda tiruan, ingkang kadamel saking anyaman pring utawi kepang. Boten
wonten satunggal sajarah ingkang saged ngandharaken asal muasalipun tarian
punika, namung riwayat verbal ingkang dipunturunaken saking setunggal generasi
dhumateng generasi salajengipun.
Sejarah Kudi Lumping
Konon, tari kuda lumping minangka bentuk apresiasi lan dukungan
rakyat jelata tumraping pasukan berkuda Pangeran Diponegoro nalika ngadhepi penjajah Belanda. Wonten ugi versi ingkang nyebutaken,
bilih tari kuda lumping nggambaraken sawijining kisah perjuangan Raden Patah, ingkang dipunsengkuyung dening Sunan Kalijaga, nglawan penjajah Belanda. Versi sanes nyebataken bilih, tarian
punika nyariosaken babagan latihan perang pasukan Mataram ingkang
dipunpandegani dening Sultan
Hamengku Buwono I, Raja Mataram, saperlu ngadhepi pasukan Belanda.
Medal saking asal usul lan nilai
historisipun, tari kuda lumping merefleksikaken semangat heroisme lan aspek
kemiliteran sawijining pasukan berkuda utawi kavaleri. Bab punika katingal
saking gerakan-gerakan ritmis, dinamis, lan agresif, saking anyaman pring,
ingkang niru gerakan kados dene jaran ing tengah paprangan.
Asring sanget wonten ing pertunjukkan tari
kuda lumping, ugi nedahaken atraksi ingkang nontonaken kekiyatan supranatural
berbau magis, kados dene atraksi mangan kaca, menyayat lengen kaliyan golok,
ngobong badan, mlampah ing sanginggilipun ecahan kaca lan sanes-sanesipun. Mbok
menawi, atraksi punika nggambaraken kekiyatan supranatural ingkang nalika jaman
rumiyin ngrembaka ing lingkungan Kerajaan Jawa,
lan minangka aspek non militer ingkang dipun angge saperlu nglawan pasukan Belanda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar